Ayo Sinau Maca Aksara Jawa Maneh (Ada Translate-nya)

on Saturday, November 6, 2004

Assalamualaikum



Aku saiki lagi embuh laopo pengen banget nulis nggango aksara jawa, embuh iku merga kurang gawean apa merga pengen nulis bae. Yo wingi nyoba googling golek - golek pelajaran basa jawa, eh ndadak ketemu ambek tutorial pelajaran basa jawa. Sing nggawe ora gemen - gemen, Wong Malaysia. Wah, aku kaget temenan, mosok wong Malaysia bae gelem nguri - nguri basa jawa, awake dewe sing wang jawa gak tau nggawe.



Aku nulis aksara jawa iku terakhir kelas telu SMP, dadi saiki yo wis lali temenan, gak ana buku pisan, dadine sebagian ya mung ngawur. Eh iya, sedilut maneh wis lebaran. Sepurone ya dulur kabeh mbok menawa aku ana kaluputan. Sakuntara wektu ngene wae, kapan - kapan disambung maneh, merga saiki lagi ana sing kudu di rampungne. Sirahku yo wis ngelu nulis gawe aksara jawa.



Wassalamu’alaikum





Translate Dalam Bahasa Indonesia........



Hayoo Belajar Membaca Aksara Jawa Lagi



Asalamu’alaikum



Aku sekarang sedang entah kenapa ingin sekali menulis mengunakan tulisan jawa, entah itu karena kurang pekerjaan apa karena ingin menulis saja. Ya.. kemarin mencoba googling mencari - cari pelajaran bahasa jawa, eh mendadak bertemu dengan tutorial pelajaran bahasa jawa. Yang membuat tidak tanggung - tanggung, orang Malaysia. Wah saya benar - benar terkejut, masak orang Malaysia saja mau melestarikan bahasa jawa, kita saja yang orang jawa jarang menggunakan.



Saya menulis tulisan jawa itu terakhir kelas tiga SMP, jadi sekarang ya sudah benar - benar lupa, tidak ada buku juga, sehingga sebagian ya cuma dikira - kira. Eh iya sembentar lagi sudah lebaran. Maaf ya saudara semua kalau saya ada kesalahan. Sementara waktu begini saja, kapan - kapan disambung lagi, karena sekarang ada yang harus diselesaikan. Kepalaku juga sudah pusing menulis menggunakan huruf jawa.



Wassalamu’alaikum.

63 comments:

yusuf said...

waduh… aneh juga ya liat huruf jawa..:D
soalnya saya di bandung blom pernah blajar ngebaca jawa.. apalagi …nulis

kang agus, ajarin donk:>

kank_agus said...

gimana ya ngajarinya, mending antum sekolah sama adik2 smp di tempat saya saja he.. he.. he. bercanda :D

gue said...

sing gawe hanacaraka font asli wong indonesia, asli wong jawa lan asli wong purbalingga.
lestarilah aksara jawakoe…
matur nuwun. :)

wiratno said...

wah, penting kiye. aksara jawa kiye hurufe wong jawa sih, dadi kudu dilestrekna ameh ora ilang ketelan bumi kaya kuwe.
nyong siki seneng mbanget, merga wis ana website kaya kiye. inyong bisa sinau tulisan jawa maning.

rossy said...

kulo pingin nulis aksara jawa ing komputer. saged ngajari mboten? nopo wonten software-ipun?

kang Suyat said...

Nyerat jawi mekaten pancen wigatos sanget tumpraping bebrayan Jawi, napa malih kangge para kaneman, murih ing mangke kita mboten sisah dhateng manca nagari manawi badhe sinau nyerat. matur nuwun dhumateng Mas Agus

lik muh randu said...

ayo budayakke nulis jawa ngleluri budaya bangsa. wis wancine kudu ngerti

Bennytrimurdani said...

Mas aksara jawa keno diunduh nganggo hape nggak..?,soale arep blajar maneh...,matur suwun

sekar said...

Kulo pengen ngajari lare nulis aksara jawa nanging kok susah sanget, nopo wonten cara ingkang luwih gampil

Ig. Sri Djokolelono said...

Kula kepingin sanget saged nyerat mawi aksara Jawi, awit anggen kula nampi wucalan nyerat aksara Jawi puniko namung rikala taksih wonten ing pasinaon SMP, bibar puniko lajeng blas ical.

Ing pundi kula saged tumbas buku-buku ingkang saged nuntun nyerat mawi aksara Jawi, kula kuwatos bilih ing wekdal ngajeng, ingkang wasis nyerat bade surut malah kepara telas.

Nuwun

yuri said...

Asw....
Aksara jawa,,,
Aku yo wis suwe ora nulis utawa maca aksara jawa. Padahal biyen wektu aku isih sekolah, gaweanku maca tulisan jawa ( sing mesthi iku ora kakarepanku.....)
Eh,,jebul wingi, ana kancaku (wong sunda) saka jurusan desain jaluk tulung aku marahi aksara jawa amerga deweke arep gawe desain tekstile nganggo tulisan jawa. Alhamdulilah....aku isih eling. Dadi gak ngisin-isine menawa wong jawa gak isa nulis aksara jawa.
Aku seneng amerga nyatane isih akeh wong sing isih peduli lan ngapresaiasi aksara jawa.

dp budi s said...

Gus....
Aku gelem diajari karo adik-adik SMPmu
tapi adik-adike sing cuuaaaakeeep ya!
ben tambah semangat... (hihihi...)

Inget pas biyen iseng-iseng
sinau belajar nulis basa Jawa
nyonto dari Ha Na Ca Ra Ka
sampai akhir
trus ngasih tanda bacane
kalau i hurufe dikasih coretan opo...
dst dst... seterusnya Aku lupa
krn belajarnya masih yg dasar2 banget
mungkin kalau belajarnya
diibaratkan belajar baca Al Qur`an
mungkin Aku baru belajar
setara dengan Iqro 1 atau Iqro 2

omong-omong
wah ada peluang bisnis baru nih
"Kursus bahasa Jawa"
kira-kira bhs iklannya gini:
"Telah dibuka, sebuah Kursus Bahasa Jawa,
yg akan membuat Anda mahir berbahasa Jawa
baik lisan maupun tulisan.
(Bahkan Anda bisa lebih mahir
daripada orang Jawa itu sendiri)

* MODE lagi mbayangin ON...

Gianto said...

lek aku yo pengen belajar..
nek sampean nduwe source program gawe nulis boso jowo aku mbok sampean paringi...
akku saiki belejar boso proghram jowo(java)..
class jowo
{
public static void main(String[]jowo)
{
}
}

arief said...

tulung pak, ono software kanggo bhs jawa?
butuh kanggo nulis soal2 ujian bocah2 SMP.

suwun pak.

arief said...

nak ono kirim via Email, wes mengko mangan2 nak sampeyan dolan nang jogja/semarang. tapi kabari sek yoh.

Robiyanto said...

Kang mas saya pingin punya installer aksara jawa bagaimana caranya ya?

ria said...

lek aku yo sitik2 ruh aksara jawa,aku tau ngulang jawa nek kls2 SD.tp saiki blas lali,eh yo eleng sitik2 lah.tp aku sueneng bgt karo basa jawa.basa jawa tiada duanya.mas agus smpyan gawene telpon to?aku pgn iso nulis jawa meneh.pye y?

jatdriya ahmad matindra said...

aku kepingin banget sinau basa jawa terutama sinau maca aksara jawa

sasikirono said...

iyo aku saiki yo bingun karo bocah bocah kuwi ora ono sing iso nganggo aksorone dewe piye yen kene mbentuk kumpulan sing iku gawe nguripi budoyo jowo khususe tulisan lan sak kabeh kabehe khususe konco konco wetanan yo rek to.
lha kang agus iki mung saran piye nek sampean bae sing ngawiti malang suroboyo ora adow. aku nang suroboyo yo iso ngerewangi

madin said...

yo wes podo sinau meneh ae......

Dwicky Wijaya said...

Gus aku meh takon karo sliramu, olehmu nulis translate aksara jawa nganggo program apa? Mbok ya aku diparingi....

sidoel_wong bumen said...

aku disit wis tau jajal nulis aksara jawa, tapi aku nganggo corel draw, jenengan font (HANACARAKA) mlebu meng kategori simbol, tapi ya lumayan kumplit karo cecek, taling tarung, dll nek software kayane jenenge CARAKA aku pernah jajal tapi ra dadi merga ra ana font-ne...
nek butuh font hanacaraka
mail bae meng bsidoel@yahoo.co.id
menko tak kirimi.

SUWUN........

indr@ said...

kulo pendhet gambare nggih.. :D

cundoko said...

kank agus selamat nguri2 basa / tulisan jowo. artine sampeyan melu andarbeni malah ngrekso kabudayaan jowo. aku dewe saiki lagi nyoba karo konco2 gawe paguyuban jowo ning kesulitan margo kabeh sing melbu anggota paguyuban roto2 wis ora cetho / kurang tumrape kawruh kabudayan jowo. maju terus yo.

khanif said...

kulo nyuwun tulung,pripun anggene downlod huruf jawi,amargi kawulo saweg mbetahaken kangge damel soal .maturnuwun

suko wahyu said...

Wah cocog banget karo angen-angenku.
Wis suwi banget anggonku mikir dene opo sing dak karepake, yo mung anane isu (kabar urung mesti) dhek tahun ngarep 2000-an. Yaiku arep di ilangangine pelajaran basa jawa saka mata pelajaran ono ing sekolahan. Awit soko iku aku banget susah, amarga ngelingi bakal bubrahe tatanan adi luhung sing wis atusan tun njur dilalek ake ngono wae???
salam sukses .Suko#

d'J@rn0 said...

mas agus kaliayan rencang2 sak derengipun kulo nyuwun ngapunten bade ngrepoti mas-mas e, niki kulo padus tulisan jawi ingkang wacane "SURAKARTA HADININGRAT"
sak derengipun kulo matur nuwun kalih rencang-rencang sampun purun biyantu kulo

monggo

tsaree said...

waduh............aku jane wong jowo tapi kok ra iso basa jawa yoooooooo

Mujiyono said...

Mas-mas lan Mbak-mbak sedaya, menawi panjenengan sedaya kersa sinau aksara jawi, mangga kula aturi klik http://hanacaraka.fateback.com/, utawi e-mail kula, insyaallah sak mangke kula kirimaken tutorial aksara jawa, kalian font-ipun..

mutia said...

mas.. pean duwe font kanggo nulis aksara jowo ora? kulo ajeng nyuwun ansal mboten.....?
lezzzz.....

priya said...

kulo bade nderek tanglet, bagaimana caranya menulis kalimat berbahasa Jawa dengan menggunakan pasangan?

mas_bakrie said...

bener kang...ayo podho nglestarekake basa jawa. isun duwe software font-e plus tutoriale neng komp, gelem bagi2 tapi yok opo ngunggahe neng internet yo ? karepku ben gratis

toto said...

nyuwun tulung dikirimaken kamus sofware bahasa jawa kromo inggil lan cara nulis jawa hanacaraka

Diajeng said...

Assalamualaikum :) nuwun sewu badhe tangled...punopo panjenengan gadhah rujukan web translater saking bahasa indo ke jowo kromo inggil. menawi gadhah kawulo nyuwun nggih pak...matur nuwun :)

Basuni said...

kanthi ngaturaken sewu aggunging aksama kula kepareng nepangaken sarira bilih kulo pun paringi asma dening tiyang sepuh kulo BASUNI sakmeniko kulo sampun rumaos bilih budaya jawi ingkang adiluhung linangkung panyerat aksara jawi ingkang sampun kathah katilaraken dening para kadang mudha pramila mangga kula ngajak dateng para kadhang mudha tansah nguri-nguri kabudayan punika maturnuwun

B_Brave said...

Assalamulaikum w.w.

Mas, angsal aksara jawi punika saking pundi. Kula inggih remen.

Kula nate maca majalah, bilih saniki sampun wanten tiang putri saking jawa timur ingkang sampun damel software tulisan jawi. Mangertos napa mboten?

Matur nuwun inggih panjenengan kersa mangsuli pitakon kula ing blog kula.

khoivin said...

tulisan terakhir wassalamu'alaikum, huruf mo lali gag di kei pangkon yoooo ...


http://www.ziddu.com/download/3218483/hanacaraka.zip.html

Yulina said...

Waduh iyo... Sebagai arek jowo,ayo bareng2 mbangun kebudayaan jowo. Tapi sebenere aku dwe wong jowo tapi ora pati iso boso... Hehe

charis munandar said...

waduh piye jal....aku sekalinya bisa bahasa jawa,bahasa banyumasan sing ngapak-ngapak.hehehe
esih kalah sama bocah yang lahirnya di jogjakarta ataupun solo....hehe

denlanang said...

wah terlambat saya membaca artikel ini, berawal dari tunutan dea (2 th) yg minta nyetel asksara jawanya mas sidiq (?) , lewat sini dan mampir. matur nuwun. Lain kali tak tlusuri lebih jauh. Salam

denlanang said...

Iki sing dijenengi wong Jowo ILANG JAWANE, yo termasuk aku dhewe. Tulung pak Agus lan ugo kabeh bae, mulai nguri2 boso jowo sing BENER lan APIK, bocah saiki wis ora biso boso jowo sing bener mane, tur wis ora biso basan maneh marang wong sing luwih tuwo. Maju terus pantang mundur !

muhadjir said...

aaaaaaaaaaaaaaaakkkkkkkkkkkkkkkkkkkkkkkkkkuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuuu wwwwwwwwwwwwooooooooooooooooonnnnnnnnnnnnnnnggggggggggggggggggggggggggg jjjjjjjjjjjjjjjjjjjjjjjjjaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaawwwwwwwwwwwwwwwwwwwooooooooooooooooooooooo

Mulyono, S.Pd said...

ayo padha sinau kabudayan Jawa ben ora ilang jawane.

Yusril Irsa Wiranta said...

All people is forget a Java Language
Semua Orang Lupa Bahasa Jawa

Kamus:
www.jevonika.com

Yusril Irsa Wiranta said...

Hai :)

Yusril Irsa Wiranta said...

Shit, I do no Java Language, Because, I not found this Dictionary. Hemm...
;(

Nanda said...

danco suro

IRVAN said...

BANJIR
Di kota surabaya terjadi banjir karena beberapa hari hujannya tidak redah-redah,sehingga masyarakat resah akan harta bendanya yang akan hanyut di bawa air.
Banjir terjadi pada hari rabu tanggal 05-05-2010,di Surabaya jalan banyu urip,dan masyarakat takut banjir tidak akan surut dan bertambah tinggi.
Semua masyarakat Surabaya jalan banyu urip menjadi korban banjir tanpa terkecuali ,dan seluruh masyarakat bergotong royong memasang pipa untuk membuang air di jalan,maasyarakat mencoba untuk meminta bantuan kepada pemerinta supaya member bntuan seperti :sembako dan obat-obatan.

Pembunuhan
Pada hari senin tanggal 12-04-2010,terjadi pembunuhan yg letaknya di pinggir jalan raya,yang mengakibatkan tersangka meninggal dunia.
yg menjadi korban pembunuhan tersebut adalah ah.anang sugianto,peristiwa tersebut terjadi karena kecemburuan andik armansyah kepada ah.anang sugianto,yg disangka selingkuannya sang istri.
Ketika keluarga ah.anang sugianto tau tentang peristiwa itu,mereka langsung menutut andik armansyah dan memimta agar di beri hukuman seberat -beratnya

IRVAN said...

BANJIR
Di kota surabaya terjadi banjir karena beberapa hari hujannya tidak redah-redah,sehingga masyarakat resah akan harta bendanya yang akan hanyut di bawa air.
Banjir terjadi pada hari rabu tanggal 05-05-2010,di Surabaya jalan banyu urip,dan masyarakat takut banjir tidak akan surut dan bertambah tinggi.
Semua masyarakat Surabaya jalan banyu urip menjadi korban banjir tanpa terkecuali ,dan seluruh masyarakat bergotong royong memasang pipa untuk membuang air di jalan,maasyarakat mencoba untuk meminta bantuan kepada pemerinta supaya member bntuan seperti :sembako dan obat-obatan.
Pembunuhan
Pada hari senin tanggal 12-04-2010,terjadi pembunuhan yg letaknya di pinggir jalan raya,yang mengakibatkan tersangka meninggal dunia.
yg menjadi korban pembunuhan tersebut adalah ah.anang sugianto,peristiwa tersebut terjadi karena kecemburuan andik armansyah kepada ah.anang sugianto,yg disangka selingkuannya sang istri.
Ketika keluarga ah.anang sugianto tau tentang peristiwa itu,mereka langsung menutut andik armansyah dan memimta agar di beri hukuman seberat -beratnya


translit dalam bahasa jawa

ida said...

Bismilah....
Ingsun matak ajiku si semar mesem, mut-mutaku inten cahyane manjing pilinganku kiwa lan
tengen, sing nyawang kegiwang, apa maneh yen sing nyawang kang tumancep kumanthil ing
telenging sanubariku.. ya iku si djabang bayi........teka walas teka asih saking kersaning Allah,
laillaha ilallah muhammad rasulullah.
(Vibel)Mutih 7 Hari, pati geni 1 hari di hari slasa kliwon.
dibaca setiap akan tidur 7 kali dan membatin orang yang dimaksud...

pwekokers said...

lha ndi traslate'e mas? tak ngopy yo? soale aku lagi gae situs boso jowo juga kih. tolong :) suwun

bagas said...

ayo pd dang tobat konco-konco

abam said...

:D :P

bagol said...

Wah...wah....asik juga nulis jawa ning internet,masa wong jawa ora bisa nulis jawa.ya blajar rek,wong china kana bangga duwe tulisan china dewe,laaah....awak dewek malaaaah disewiyah tulisane.angel lho rek nyipta ke tulisan.awak dw mung sederma nglestariake yo pada ogah. piye tho....................JERE....BANGSA YG BESAR ADALAH BANGSA YG MAU MENGHORMATI BUDAYANYA SENDIRI. GITU LOH!!! AYOO BASA JAWA GO PUBLIK....

aghni said...

weleheleh, nek blajar bahsa jawa malesi bgt, tpi nek org luar negeri yn blajar bhsa jwa, kug yo aq iri....
budaya sndiri, gamau dipelajari, tpi klo org luar yang mempelajari, kyak'e asik bgt liatnya...gampang, padahal kalo bljar aslinya, susah'e ngepollpollan....qii piye...???

Lissa said...

Saya pengen bgt belajar bhasa jawa kromo gmana cranya ya ?.
Terima kasih.

Alexia Schwartz said...

Hello awesome web page.
Does any one use a cheaper SMS message marketing for shops @ California than 12stores.com? They only cost 9 dollars per 4 weeks, nevertheless my neighbour Jaylen told me there is, but he couldn't remember its name. I actually start to get suspicion that he remembered wrongly.

Dodol Kembang said...

wah dadi kelingan jaman aku isih SMP :D

sofri said...

pak.....
guru smpn 1 malang ya???

Pak Dar said...

Yang mau belajar Bahasa Jawa bisa coba link ini http://ptkguru.com/index.php

lakon said...

yo nggon telatene kuwi aku kok ratelaten yo sinau basa jawa

icha said...

susah bngt

icha said...

susah

Post a Comment